Paseban Jati

0
Serat Paramayoga
Crita Wiwitane Tanah Jowo

Serat Paramayoga asil kasusastran jaman Surakarta. Serat iki karepe nggabungake budaya saka tanah Indhu lan tanah Arab, nanging Prof Dr RM Ng Poerbatjarara ing Kapustakan Djawi nyebutake kangelan olehe nggoleki babone sing saka tanah Indhu apadene tanah Arab.

Pandugane Prof Dr RM Ng Poerbatjaraka sing dadi babon serat Paramayoga, serat Kandha. Kapustakan Djawi miwiti ngrembug serat Paramayoga kanthi nyebutake serat kasebut kayadene Inleiding mangkono, unine:

"Serat Paramayoga menika nyariosake lalampahanipun Kangjeng Nabi Adam kaliyan lalampahan sarta terah-tumerahipun para dewa, ing salajengipun ngantos dumugi carios wiwitanipun tanah Djawi dipundunungi manungsa.

Menggah wawatonipun mendhet saking carios ingkang kocap ing serat Jitapsara, anggitanipun Bagawan Palasara ing Ngastina, saking anggenipun nukil suraosipun Pustaka Darya, babon saking tanah Indhu, lajeng katepangaken kaliyan suraosipun kitab Niladuniren, babon saking Najran, sarta kitab Sitatul, babon saking Selan... Ananging suraosipun kitab-kitab wau kapethikaken ingkang wonten cariosipun tumrap ing serat-serat Paramayoga kemawon, saha mawi anukil sakathahing hikayat, utawi riwayat, lajeng katurutaken kaliyan etangan taun srengenge sarta taun rembulan.

Urutipun carios kados ing ngandhap menika." Sabanjure Kapustakan Djawi atur uninga, yen sing disebut serat Jitapsara anggitane Bagawan Palasara ing Ngastina, sangertine Prof Poerbatjaraka ora ana. Ana sing jenenge serat Jitapsara, nanging kuwi serat anggitane R Ng Ranggawarsita.

Semono uga sing disebut serat Pustaka Darya, babon saka tanah Indhu, kuwi sangertine Prof Poerbatjaraka ya ora ana. Dene bab serat-serat sing nganggo jeneng Arab, panaliti kasusatran Jawa Kuna iki ora bisa menehi katrangan apa-apa. Saka pangakune dhewe, marga cupet kawruh bab kitab-kitab Arab. Serat-serat sing dipratelakake ana ing serat Paramayoga kuwi ana tenan apa ora, Prof Poerbatjaraka mung nyumanggakake marang
para winasis.

Ing sanyata-nyatane, serat Paramayoga manut Kapustakan Djawi babone saka serat Kandha. Serat iki dening R.Ng Poerbatjaraka digawe basa gancar, diwangun, diowahi, ditambahi akeh banget. Tambahan kuwi saperangan saka olehe R Ng Ranggawarsita saka ngrungokake critane mitrane bangsa Walanda CF Winter lan Cohen Stuart.

Kayata bab jeneng-jeneng saka ilmu bumi kayata Laut Kaspi, Gunung Kaukasus lan sapanunggalane. Tambahan liyane saka R Ng Ranggawarsita kang cinathet dening Prof Dr RM Ng Poerbatjaraka yakuwi tunggale nama Adam, kadadekake At-hama kaya-kaya jeneng Sanskirt saka tanah Indhu. Jeneng At-hama ing kawruh kadewan Indhu, manut prof panliti sastra Jawa Kuna kuwi ora ana. Atman tembung atman sing asring dianggo ing filosofie Indhu, nyawa, jiwa, urip.

Banjur ngenani pratelan bab taun surya lan rembulan kuwi uga imbuhan saka R Ng Ranggawarsita dhewe. Ing tanah Jawa sadurunge taun 1555, jaman Sultan Agungan, taune mung taun surya, kaya sing isih kanggo ing tanah Bali jaman saiki. Sabanjure Kapustakan Djawi nyuplik pungkasane serat Paramayoga unine mangkene:

"Kacarios sareng dumuginipun taun Indhu saking jaman Pancama-kala angka 768 taun Adam angka 5154 ing taun srengenge utawa 5306 ing taun rembulan, panjenenganipun Prabu Isaka, ratu ing nagari Surati tanah Indhustan, inggih menika ingkang sinebut nama Aji Saka, nagarinipun kabedhah ing mengsah. Sang Prabu lajeng jengkar saking praja ngungsi ing wana, dumuginipun wana dipunpanggihi ingkang rama Bathara Anggajali, sang prabu dhinawuhan amaratapa dhateng pulo ingkang suwung,prenah kidulwetanipun tanah Indhu, sang prabu lajeng mangkat dhateng pulo suwung, inggih menika pulo Jawi. Sarawuhing pulo Jawi, sang prabu lajeng asesilih nama Empu Sangkala."

Tekan semono enteke crita kang kapacak ing serat Paramayoga. banjur nyandhak crita kang kapacak ing serat Pustakaraja purwa, tamat. Prof Poerbatjara ngambali serat Paramayoga kuwi wose serat Kandha kagawe gancar mawa owah-owahan lan tambahan, manut pangrungu lan kaparenge R Ng Ranggawarsita. Serat Paramayoga wis kacithakake kanthi aksara Jawa taun 1922. (http://www.kedaulatan-rakyat.com)

Serat Paramayoga adalah salah satu karya Sastra Jawa Baru yang digubah oleh R.Ng. Ranggawarsita dalam bentuk gancaran (prosa). Karya yang digubah dalam bentuk prosa ini telah disadur oleh Aroem ke dalam bahasa Sunda dalam bentuk tembang. Serat Paramayoga dikenal juga dengan nama Kitab Paramayoga. Penelitian paling mutakhir mengenai karya ini telah dilakukan oleh Candra T. Munawar dengan objek penelitian Kitab Paramayoga versi Sunda.

Isinya diambil dari:
  1. Kitab Jitapsara karangan begawan Palasara di Astina,
  2. Pustaka Darya dari Tanah Hidustan,
  3. Kitab Miladuniren dari Najran,
  4. Kita Silsilatulguyup dari Selan,
  5. Kitab Musarar
  6. Kitab Jus al-Gubet dari Rum,
Dari kitab-kitab tersebut diambil sebagian yang ada hubungannya dengan Kitab Paramayoga saja, juga mengambil berbagai macam hikayat dan riwayat hidup, lalu diurutkan berdasarkan perhitungan tahun Matahari dan Bulan.

Kisah dimulai dari Adam dan Hawa hingga nabi-nabi, setelah itu pararel dengan kisah para dewa hingga masuknya manusia pertama ke Tanah Jawa. Kitab Paramayoga menceritakan perjalanan hidup Nabi Adam, sampai dengan keturunan para dewa, dan selanjutnya sampai dengan awal mula tanah Jawa ditinggali oleh manusia.

Cerita dibuka sesuai yg ada di kitab Jitapsara, Nabi Adam atau Sang Hyang Ad-hama setelah mendapat pengampunan dari Tuhan Yang Maha Kuasa, lalu menjadi kalifah di negara Kusniyamalebari merajai hewan-hewan.

Yang dimakan hanya yang keluar dari mujizat dan dalam kitab Jitapara disebutkan berasal dari berdoa. Negara Kusniyamalebari ada di tanah Asia sebelah barat laut, di sebelah barat laut Kaspai, sebelah selatan gunung Kaukasus, timur laut Turki Asia yg dimasa akan datang disebut bangsa Eropa tanah Transkaokasi. Di sana Nabi Adam menggunakan perhitungan tahun 2 macam : tahun Matahari dan tahun Bulan.

Adapun isi buku Serat Paramayoga adalah sebagai berikut:
  1. Cover dan Prakata
  2. Pendahuluan
  3. Nabi Adam
  4. Nabi Sis
  5. Kisah Sayid Anwar atau Sang Hyang Nurcahya
  6. Kisah Sang Hyang Nurrasa
  7. Kisah sang Hyang Wenang
  8. Kisah Sang Hyang Tunggal
  9. Sang Hyang Guru
  10. Kisah Para Dewa
  11. Kehidupan orang di barat Persia
  12. Lahir dan kisah kehidupan Jaka Sengkala atau Ajisaka
  13. Sang Hyang Jagadnata berhadapan dengan Nabi Isa
  14. Perginya Sang Hyang Jagadnata dari tanah Jawa
Bagi anda yang ingin membaca buku tersebut silahkan download pada link berikut.
Sumber link download:
http://pustakadigitalindonesia.blogspot.com/2012/09/sang-hyang-ad-hama-kisah-nabi-adam-di.html

Posting khusus Syariat, Tariqat, Hakikat, Makrifat, silahkan kunjungi:

http://sufipedia.blogspot.com
Visit Sufipedia

Jangan lupa dukung Mistikus Channel Official Youtube Paseban Jati dengan cara LIKE, SHARE, SUBSCRIBE:





http://paseban-jati.blogspot.co.id/p/donasi.html
Visit Donasi Paseban Jati

Anda sedang membaca artikel Yang Berjudul Serat Paramayoga. Jika menurut Anda Serat Paramayoga bermanfaat mohon bantu sebarkan. Untuk menyambung tali silaturahmi silahkan tinggalkan komentar sebelum meninggalkan Paseban Jati. Jika ingin bergabung menjadi anggota Paseban Jati, silahkan klik DAFTAR. Terima kasih.
Sudah berapa lama Anda menahan rindu untuk berangkat ke Baitullah? Melihat Ka’bah langsung dalam jarak dekat dan berkesempatan berziarah ke makam Rasulullah. Untuk menjawab kerinduan Anda, silahkan klik Mubina Tour Indonesia | Follow FB Fanspages Mubina Tour Indonesia - Sub.

Post a Comment Blogger Disqus

 
Top